Kamis, 23 Januari 2014

CORET CORET NGENESING NDESO,,, TAK UKIR NGELINGAKE ZAMANKU MUDO

Udan luh,
Kutho tekan ndesa – desa
Gerimis riwis – riwis
Udan tangis
Kebaking nandang sungkawa
Pada dedonga
Ing jero dada kemlebat sang Saka
Jare Sabang sampe Merauke
Jembare
Tapi rakyate kere

Ijo royo – royo zamrute katulistiwane
Emas putih, mas ireng
Diangkuti luar negeri
Abang jenang gula
Kudu wani bela bebener

Putih suci arum melati
Kapan reregan bisa bali murah?
Rega-rega murah sandang pangan
Aja mung bisa gawe ukara ngumbar suara
Tapi piye ben rakyate ora sengsara
Bisa turu ayem tentrem

Mawar melati kenanga
Pedhut putih leliwengan
Rakyat padha kaliren
Para pejabate rebutan bener
Palu pengadilane wis ora pener
Salah vonis apa tumon ?

Tetes tumetes
Luh kalabendu
Zaman owah
Pengadilan, lurah, pilkada, politisi busuk
Rakyate mangan roti kedaluwarso,
njamuren

Duh Gusti,
Nyuwun pangapura
Urip mung nggresah lan suloyo
Sakbendina mung tansah kudu sabar

criiittt criiitttt criiittttt,,,,,,,,,,,,,, ngasooooo ©_®

___________===____(®=®)___===_________

Kekudanganku

O, ngger anak ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi

sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya
Yen sira nangis

tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur
bebudenmu ing tembe

teng teng teng teng,,,,,, mulehhhh

_____===__(@_©)__===_____

YEN REMBULANE MOBLONG, PAMAN

Yen rembulane moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematke swarane Bocah – bocah
sing padha dolanan

yen rembulane moblong, paman
aku kangen ngrunongake gumlegere guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka siji ilang.
Sanandyan anak lanang milih ngumbara ing paran
suthik ngopeni lemah warisan

yen rembulane moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah-owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan

tok tok tokkk sinauuu

***********

Sirene sire jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
Biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagenggem
guritan
ing lemah suwung pinggire taman
pra ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumes

tir tir tiirrrr daduuu,,, ehh turuu

Remons domino

Salam sloters Tambakselo 🙏🙏🙏🙏🙏, Remons RP full 2.22 --->>> DOWNLOAD Remons 2.22 buluk -----> DOWNLOAD Remons RP versi 2.21 ...