Sabtu, 05 Juli 2014

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Ketiga )

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Ketiga ) Kacarita, dina temphue ghawe ing Ngawi manut ing katulis ana ing undangan, dina, sasi lan jam temune penganten jam 08:00 esuk. Mula KTAA Kertonegoro mekso tindak. Dipenggak Patih Ronggolono ora paelu, malah sajak duka. Patih matur arep dherek ora pareng. Kadipaten mundak suwung. Ratih arep mrentahake sawatara prajurit supaya dherekake,uga ora pareng.Malah digetak-getak wong arep jagong manten kok kaya nglurug perang.KTAA Kertanegoro terus tindak esuk sadurunge jam 08.00 miyos kidul kanthi nitih kudo kelangenane Kyai Pangerwojo. Kocapo ora sawetara suwe saka tindake Adipati Gendingan,lan kira-kira wis krungu suwarane bedhil pating jledhor.Pratandha Kupeni bakal nyerang Gendingan. Patih Ronggolono kaget lan gugup.Banjur nyameotakake prajurit pirang-pirang bregada.Ditunggu-tunggu Kumpeni Walondo ora ana nyabrang menyang kulon kali.Mung suwara bedhil ing brang wetan sing saya nggegirisi,sing sajake nantang marang prajurit Gendingan.Patih Ronggolono ora sronto,ngabani lan mimpin prajurit maju mengetan tekan pinggire kali Bibis.Nanging Kumpeni ora gelem ngincerake bedhile menyang kulon kali.Mung Kumpeni sing wis ditugasi nunggang jaran wedhok pada sesingan ana sapinggire kali ana brang wetan. Gandeng sing dititih Patih Ronggolono jaran lanang,weruh jaran wedok pirang-pirang padha jejogedan ana brang wetan.Patih Ronggolono ora kuat/ora kuwawa mekak/ngendaleni titihane,mbedhal nyabrang ngetan. Nanging jaran wedok-wedok sing ana brang wetan diunggahake mentas ngetan.Pancen siasat perang. Tur Kumpeni sadurunge wis diatur miturut keputusan rapat sak petugas-petugase. Jaran sing dititihi Patih Ronggolono saya rikat clehe ngrubyung nyabrang bareng weruh jaran wedok padha mentas. Bareng jarane Ronggolono tekan pingir wetan durung nganti mentas, kanti singrak petugas kumpeni sing nggawa antene sing maune ora katon, margo durung diodod,banjur nyunthik iket/blakon Ronggolono saka ndhuwur perengane kali nganggo antene mau. Iket nyemplung banyu kali, Ronggolono nggeblak saka geger jaran kejegur menyang banyu kali dikroyok kumpeni pirang-pirang. Jasate ronggolono dicacah-cacah ngango pedangdening Kumpeni. Prajurit Gendingan sing isih ana brang kulon padha tinggal glanggang, margo dibrondong bedhil dening Kumpeni saka brang wetan. Rakyat padhal ngunsi tetangisan amarga kelangan patih sing maune tansah ngayomi rakyat. Sawuse sepi ora krungu suwarane bedhil rakyat padhal nggoleki lan ngumpulake cuwilan kulit, daging lan balung jasade Ronggolono. Sawise nglumpuk kabeh, manut pasarujukane rakyat aja dikubur ana kene. ora urung mengko diparani Kumpeni sing isih Ngigit-igit kempropoke , kubure dikrocok bedhil .Mula banjur disingitake digawa ngidul ,dikubur ana jabal kadas wilayah Ngrambe .Mulane nganti tekan seprena papan panggonane sedane patih Ronggoolono karan KAJANGAN marga biyen kanggo ajang- perang antarane prajurit Gendingan lawan kumpeni walondo . kocap kacarita ,tindake KTAA kertoegoro tekan alun-alun Ngawi wis midhangat suwarane gamelan nganyut-anyut saya disengkakake tindake ,supaya ora kepancal temune penganten . bareng wis tekan pelaratan kabupaten ,panjenengane medhak,kyai pagerwaja dituntun, amarga nong kana wis kebak uwong jejel riyel . Terus tindak nuju pojok kidul wetan pendapa , ing kana ana wit tanjung .pagerwojo di cancang / dikalaring wit tanjung . tekan saiki watara wis luwih telungatus taunan ,wit tanjung iku isih cedhak pendhapa sisih kidul wetan .Wite dhoyong amargo oyote lajer pedhot pagerwojo . Ing tengahe pendhapa priyayi-priyayi sing padha bekso ngeloni iramane gending wis padha mendem suwarane rame banget Dhasar ledhekeayu-ayu kathik pirang-pirang ngadhek kabeh suwarane gamelan kaya mbedhahne kendhangan kuping ,saka serune olehe nabuh . Sadurung munggah pendhapa KTAA kertonegoro kriksani kana-kene , ing penggalih ngudarasa kok ora Ana among tamune ,kok ya ora ana penganten sing,lungguh jejer ana pelaminan wis bar temu manten ,wong wis jam 09 .00 .Malah papan kanggo nglungguhake manten wae ora ana . Gandheng sedyana jagong nganten dadi panjenengane ora ngagem busana Adipati tibake para bupati lan tamu tamu liyane iku durung ngrti kanthi trewocomarang Adipati Gendingan ora ana ingsapa aruh . Sa7rehne ora ana among tamu ,Adipati kertonegoro terus tindak munggah tundhaka pendhapa mekso ora ana sing sopoaruh margo padha mendem Adipati kertonegoro tindhak menyang panggonan sisih mhuri /sisih lor. Salaman tetepungan karo sing padha lenggahan mbako siji nganti rampung .ora ngerti sangkane bilahi ,lan embuh sapa sing menehi isyarat /kode marang kumpeni sing baris padha Lenggahenmbako siji nganti rampung ora ngerti sangkane bilahi , lan embuh sapa sing menehi isyarat /kode marang kumpene sing baris pendhem sakupenge dalem kabupaten Ngawi ,padha ngebyuk munggah ing pendhapa. Nanging ora ana suwarane bedhil margo rakyat sing nonton kebak andher. Sanalika geger dadakan . ssuwarane kumpene sing ora bisa cara jawa lan durung weruh sing endi Adipati Gendingan iku campur suwara gamelan ,ledhek lan wong mendem ;suwara niyopo sing nyenggaki ya wis pada mendem oleh muni mung waton mbengok, ora runtut . Kacarita Adipati Gendingan dikroyok ,dieneng-eneng dening Kumpeni tansah dikipat-kipatke, diedu kumba, dijeblosake tembok, dijegal, ditendang dening Adipati Gendingan. Coba wong siji tanpa gaman dikroyok kumpeni Walando sing cacahe atusan. Malah Bupati lan Wedana akeh sing padha tatu. Jalaran ya kuwi Kumpeni during/ora ngreti sing endi Adipati Gendingan iku, angger Bupati utawa Wedana sing menggango ora kaya kumpeni ya kuwi seng diamuk, disengguh/dikira Adipati Gendingan. Menawa pancen wis ditemokake yen kumpeni ora oleh nggowo bedhil utawa senjata tajam. Mosok Kumpeni atuan ora bias nyekel wong siji. Kira-kira mangkono penemune panggedhe Kumpeni Walondo. Kocopo, Kyai Pagerwojo sing dicancan ana wit tanjung, bareng weruh bendarane dikroyokwong pirang-pirang, banjur nylenthak ngiwa nengan, mobat-mabit, nganti wite tanjung dhoyong, oyot lajere (akar tungga) pedhot,bareng karo pedhote tali sing kanggo nyangcang gulune Kyai Pagewojo. Bareng wis lepas terus moro nyedhak pendhapa Kabupatan sisih wetan, karo mbeker sarosane. Ora sronto, Adipati Gendingan weruh mbareng midanget pembekere lan priksa titihane wis lepas nyerakwis pendhapa pendhapa. Sakedhep netra mlumpat ing gegere Kyai Pagerwojo, terus kebandangake saka papan kana, kundhur menyang Gendingan mung limah jangkahe Kyai Pagerwojo. Malah pegawai Purhutani ana sing kondho menawa tilas tracake Pagerwojo iku ana ing wit-wit jati sisih nduwur, ing ngendi papan dilewati nalika iku. Jare wit-wit iku ora oleh ditegor tekan saiki. Bareng tindhake Adipati Gendingan wis tekan alun-alun Gendingan during nganti mendhuk saka gegere Kyai Pagerwojo wis ginarubyuk prajurit lan rakyat Gendingan, klawan tawan-tawan tangis patin glero, pating jlerit . Sawise mundhut priksa apa sebabe padha nangis kaya lampor. Kaya tanpa diabani, caos atur uninga/wangsulan bareng kaya-kaya mbedhhahake kendhangan kupinh “PATIH RONGGOLONO SEDA” diperjaya kumpeni. Sanalika KTAA Kertonegoro sigeg, tan kuwowo ngendika, megeng napas, ngampet deduko. Jaja bang mawing-wing, netra kocak ngondhar-andir waja kerot-kerot. Ing galih arso mundhut priksa., sapa sing wani-wani mbocorake/nuduhake pengapesane Patih Ronggolono, nanging ora kawiyos. Ngawuningani kaya mengkana iku, sing mauni padha nangis “cep klepek” kaya binungkem ing syetan, ora cemruwit lan ora kemleset. Ana kahanan kang hening, segi mampring iku KTAA Kertonegoro mendhar sabdo: “SAPA WONGW SING NUDUHAKE PENGAPESANE PATIH RONGGOLONO, INGSUN SEBDA-AKE MARANG KANG MAHA KAWASA, ANANDHANG CACAT WUTO NETRA NGANTI PITUNG TURUNAN” Wong sak alun-alun datang ana kumecap lan kumleset,kaya-kaya ngampet ambegan ngrungokake sabda pangandika sing nganti cetha wela-wela lan wijang kang miyos saka lathine KTAA Kertonegoro ing tengah alun-alun.Suwarane gumleger kaya bledheg nyamber ing mangsa ketiga ing tengah rahina.Sabubare iku rakyat kadhawuhan bali kabeh mulih menyang wismane dhewe-dhewe.Adipati Gendingan kaderekake sawetara prajurit,kondhor ngedhaton ing dalem kadipaten. “Sabda pandhita ratu,tari wola-wali mesthi nrenjuhi” Nyatane ora gantalan minggu wong-wong padha weruh manawa Gurmito ngalor ngidul tekenan lan dituntun dening keluwargane.Mongko sadurunge isih awas lan umure dhurung pati tuwa,tur sugih dadakan.Mula panyakrabawane wong akeh iya Gurmito iku sing mbocorake pengapesane Patih Ranggolono.Dhasar dheweke dadi gamel lan pangarite titihane.Nanging gandheng wis nampa sabda,ya ben dilakoni,mongko 7 turunan. Sabubare kadadeyan-kadadeyan sing wis kawuri,KTAA Kertonegoro ing batos penggalihe tansah mbenerake apa-apa kang dadi caos atur pramyoga saka Patih Ronggolono.La piye maneh “Pecut Diseblakna, wis kecabut dikapakna”(nasi telah menjadi bubur). Digethunana ya tiwas ngrantes rumaos durung kuwawa nyegah hardening hawa napsu, dadi ya mbeguguk makhutho waton, mbodan tanpa ratu, sapa sira sapa ingsu, kumalangkung. Wis pengalihe ngenes , midhanget menawa jisime Patih Ronggolono dicacah- cacah, paribasan dadi sakwalang-walang dening kumpeni walando. Osike penggalih :menawa ingsun tetep nglenggahi dalem kadipaten Gendingan mangka wis ora kagungan andel-andel , mengko gek sakwayah-wayah kumpeni patroli mrene, banjur ingsun dicekel, marga nalika ing pendhapa Kabupaten Ngawi gagal. Saking kemropoke kumpeni ingsung dicacah-cacah ,harak mati konyol. Mula anuju sawijining dina panjenengane ngersakake tirah/ngungsi menyang jogorogo. Sawatara suwene ana kono marga hawane addhem ketimbang Gendingan. Nganti ana jogorogo ngasta candi sinebut CANDI SUKUH. Saya sepuh yuswane lan pengalihe mng tansah emut gek kepriye Manawa kepregok kumpeni Walondo mangka Ngawi mengidul tekan Madiun mengulon tekan magetan wis ana tangane Kumpeni Walondo . Mulane banjur ngresakake nglek mengulon menyang ngrambe ngiras pantes nyeraki sareyane Patih Ronggolono ing jabal kadas. Sawetara wektu lenggah ing Nrambe , penggalihe rongeh maneh. La yen kumpeni patrol tekad Gendingan mangka dalem Kadipaten suwung , harak digoleki ditakokake rakyat. Mangka saka Gendingan bablas mengidul tekan Ngrambe, marga wektuiku Walikukun durung ana, jalaran durung ana sepur. Stasiun- stasiun iku gaweyane Walondo. Mula banjur nglerek mengulon maneh menyang Sine . Saya sepuh saya pikun ndalem ana sine. Akhire puput yuswa/seda ana sine. Dening masyarakat Sine supaya sareyane ora kinaweruhan/ konangan kumpeni Walondo, jenazahe disarekake ana“GUNUNG SAREYAN” Wilayah sine. Dudu gunung Liliran , Gunung Liliran iku makame joko budug asal Majapahit. Yaiku wilayahe sang prabu Arya Bangah lan Patihe aran Patih keborejeng . Mula ing kene uga ana Desa kauman, biyen ya kulon alun-alun Alhamdullillahhi Robbil ‘Alamin ! Wassallamu’alaikum Warrohmatullahi Wabarokatuh. TAMAAT KARACIK DENING MUH. WAZIR NUR RIYADI Disalin Oleh Siswi MI Muhammadiyah Kayutrejo Widodaren Ngawi Jawa Timur

Remons domino

Salam sloters Tambakselo 🙏🙏🙏🙏🙏, Remons RP full 2.22 --->>> DOWNLOAD Remons 2.22 buluk -----> DOWNLOAD Remons RP versi 2.21 ...