Raden Ngabei Sunarto, Juru Kunci Gunung Sarean, Sine, Ngawi
Acara jiarah kubur pancen wis dadi tradhisi ritual
pengageng ing pemda Kabupaten Ngawi lan diuri uri
setaun sepisan bebarengan padha nyekar ana ing pesa
reyane leluhur Ngawi yaiku makam Raden Tumeng gung
Poerwodiprojo, ana ing Kauman Ngawi, makam Patih
Pringgo Koesomo ing Ngawi Purba, Makam Raden
Adipati Kertonegoro ana gunung Saeran, Sine sarta
makam Raden Patih Ronggolelono sarta putri Cempo
kang manggon ana Jabalkadas, desa Tawangrejo,
Ngrambe.
Ing acara kang dilaksanakake ana ing rerangken tanggap warsa Kabupaten Ngawi mau, wartawan PS nyo ba gawe laporan khusus ngenani acara jiarah ana ing makame pepundhen masyarakat Ngawi yaiku makam Raden Adipati Kertonegoro ana ing gunung Sarean,Sine,sarta sosok Raden Ngabei Sunarto (65) juru kunci pesarean.
Makam RA Kertonegoro dumunung ana ing pucuke
pegunungan lan ing acara ritual mau sakabehe pejabat
Pemda padha ngrawuhi kalebu Bupati Ngawi Ir Budi
Sulistyono sarta Wakil Bupati Ony Harsono.
Sanajan dalane munggah nanging wis digawe trap
trapan luwih saka 100 trap sarta kudu nduweni phisik
kang kuwat,para pejabat Pemkab Ngawi ora ana sing
sambat kabeh bisa kasil tekan pucuking gunung Sarean
sarta nindakake doa lan nyekar.
Mbukane makam Raden Adipati Kertonegoro ora lepas saka Mbah Sunarto, warga desa Blimbing, Sine kang omahe ana sangisore gunung Sarean lan ora adhoh saka makam mau.
Mbah Sunarto wiwit taun 1965 kajibah minangka Juru
kunci nunggak semi pakaryane simbah sarta bapake
kang uga minangka juru kunci makam gunung Sarean,
ya saka anggone nekuni pakaryan juru kunci mau Mbah
Narto antuk penghargaan minangka abdi dalem Keraton
Surakarta Hadiningrat kanthi dipa ringi sebutan Raden
Ngabei.
Miturut katerangane Mbah Narto, dheweke minangka
juru kunci makam sing kaping lima lan sadurunge
simbahe lanang aran Sastro Dimejo juru kunci sepisanan, banjur katerusake Pujo Sukarto kang uga
bapake dhewe, saka Pujo kasambung Wiro nanging
mung kuwat sawetara taun sabanjure diayahi Marto
Paiman sing uga mung kuwat dilakoni watara limang
wulan, lagi Mbah Sunarto nganti saprene..
“Kula kalebet turun juru kunci gunung Sarean,dene
piyantun kalih Mbah Wiro saha Marto Paiman mboten
wonten garis keturunan mila mboten dangu ang
genipun makarya amargi sami mboten kiat”celathu ne
Mbah Narto mbukani rembug.
Miturut crita Mbah Narto, RA Kertonegoro minangka
Bupati sepisanan Ngawi ndhuwe Patih aran
Ronggolelono lan wektu kuwi Kadipaten manggon ana
ing wewengkon Gendingan lan nganti saiki tipak tilas
kadipaten mau isih diuri uri warga desa Gendingan,
Kecamatan Widodaren.
Sejatine buku kang mbabar kiprahe Kanjeng Gusti RA Kertonegoro ana nanging Mbah Narto ora genah saiki
buku mau ana ngendi sing jelas dheweke menehi
katerangan adhedhasar saka buku babad kang
gegayutan karo crita Bupati sepisanan mau sarta crita
kang ditampa saka simbah lan Bapake
Kadipaten Gendingan wektu kuwi diserang karo
kompeni lan karana kalah gegaman mula RA
Kertonegoro kang didherekake dening Patih
Ronggolelono sarta sawetara prajurit, banjur kaseser ing
yuda.
Sang Adipati karo pandhereke anggone keplayu nganti
tumeka gunung Sarean kalebu perenging gunung Lawu
lan ana ing papan kono RA Kertonegoro banjur leren
sarta masanggrah, marang warga kang manggon sakiwa
tengene papan kono, piyambake ngajak gawe karang
padesan kang mengkone kaajab bisa dadi papan kang
tentrem lan maju.
Ringkesing crita papan mau kasil dadi padesan kang
rame sarta wargane katon ayem tentrem, kalebu Patih
Ronggolelono kang tansah setiya ngampingi bendara
gustine.
RA Kertonegoro manggon ana ing padhepokan gunung
Sarean nganti sasedane lan jasade uga kakubur ana ing
komplek pemakamam gunung Saeran lan isih bisa
dideleng nganti saiki sarta dilestarekake kanggo papan
ritual jiarahe para pejabat PemKab Ngawi.
Dene Patih Ronggolelono banjur ngupadi sedulure putri aran Putri Cempo lan sawise kekarone seda ban jur kakubur ana ing gunung Jabalkadas, desa Tawangrejo, Kecamatan Ngrambe, watara 10 km sisih Wetan gunung Sarean, Sine.
Gunung Sarean, Sine sakliyane ajeg kanggo acara
ritual para pejabat ing Pemkab Ngawi mligine ana ing
rerangken Hari Jadi Ngawi, kanyatan uga kanggo papan
peziarah kang duwe kepentingan ngalab berkah utawa
tapa tirakat ngupadi tujuwan kang durung kasembadan.
Miturut Mbah Sunarto kang antuk kanugrahan sebutan
Raden Ngabei saka keraton Surakarta Hadini ngrat dek
taun 1983 karana saka pengabdiane marang adat sarta
budaya Jawa, nerangake manawa peziarah kang teka ing
gunung Sarean ora mung mligi warga pedunung,
nanging malah ana sing saka njaba Ngawi ing antarane
Sragen, Solo, Madiun, Semarang lan saka daerah liyane.
Wis kena dipesthekake manawa ing dina Jumat Legi sarta Selasa Kliwon akeh peziarah kang tuguran ana ing pesareane RA Kertonegoro, malah manawa wanci wulan Suro peziarah kang teka luwih akeh.
Ya ing wektu ngono kuwi para peziarah nggunakake
jasane Mbah Narto minangka juru kunci saperlu
nglantarake panyuwunane lan ing wektu ngono kuwi
Mbah Narto lagi antuk rejeki.
Amarga miturut Mbah Narto sasuwene dadi juru kunci
wiwit taun 1965 dheweke durung nate antuk blanja
maton saka pihak pemda utawa pemdes, ngelingi
peranne anggone njaga sarta nglestarekake papan
pesareane priyagung, bab mau banget gawe nelangsane
penggalihe juru kunci Mbah Narto.
“Saestu Mas kulo dereng nate pikantuk paweweh arupi arto menapa sanesipun saking Pemda napa malih saking desa,” jlentrehe juru kunci kang wis duwe anak lan putu mau kanthi walaka.
Panyuwune muga muga Pak Bupati utawa sing nduweni kewenangan, bisa mikirake nasib sarta perjuangane ang gone ngrukti pesarean priyagung kang uga minangka Bupati Ngawi kang kapisanan. (Yan Kumala)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar