- golek bawon direwangi adus kembang
- wes mlumah murep ora iso turu
- mergo urung klakon nyanding sliramu sayang
- godong jelambar sing wernanne biru
- ojo kleru benalu seng ngrusak bebrayan
- entenono kanti sabar dikau sayangku
- yen tresna ku among kanggo sampeyan
awan awan ngombe es dawet
muleh ko sawah lg bar ndaot
lagi pacaran kok cinta ne ruwet
ngeluu neng sirah rasa ne ngglepot
neng kali srambang dadi kenangan
naliko terbayang pas jaman semono
janji muu ilang hatiku ra tenang
jarene sayang kok saiki dilalekno
lewat geneng ngidol tembus donggalar
jogorogo ngalor keblasuk neng widodaren
wes kadong seneng nunggu di lamar
trimakno kopyor gak sido belah duren
Nggawe sandal tibo mencelat,,
Rasane njarem loro neng mripat,,,
tinimbang hayal moco'o sholawat,,
mugo Ati tentrem dunyo akherat,,,
Sholawat badar ugo nariyah,,
Podo bener apik di moco,,,
Kudu sadar sak wayah wayah,,,
Ojo keblinger gudone dunyo,,,
nek wis wajib yo dilaksanak ne,,,
Timbang di godo olehe molo,,
Elingo urip mung mampir ngombe,,
Tumindak becik ben munggah swargo,,,
golek rambutan neng hutan pinus
wayah mingguan pas sekolahe libur
Kelingan pacaran dolan neng jamus
arep gendakan golek panggon nduwur
neng pegunungan pengen ne ndusel
pas wayah munggah hawane ancles
ambung ambungan kok lambe ne kesel
mboso di grayah kok enek sing teles
wes ora betah pengen tak tubruk
pumpung seh sepi wayah e di gendak
posisi mbegagah kok jarene pinuk
bareng di wiwiti kok malah di tungkak
ngimbu gedang diwadahi kadut
Gedang mateng diwadahi ceting
wes bar madang kepengen udut
dadi cah ganteng udutè nglinting
menyang toko kok bakule bisu
tuku duku rasane pait
Golek mbako rasa ne samsu
Arep tuku gk duwe duit
klambi abang jeneng e cempluk
bocah e imut seneng cengengesan
Arep ngutang wedi nek numpuk
wes Kadung kecut golek tegesan
PENGEN GORENG SEGO PAS WAYAH ADEM
DI GAWE SARAPAN OJO LALI BUMBU NE
YEN PENGEN MULYO LAN URIP MU TENTREM,
MOCO'O ALQURAN SAK MAKNA NE
WAYAH WENGI MANUK E MANGGUNG
MANUK E PERKUTUT GAK GAWE CELONO
SENAJAN ATI PIKIRAN NE BINGUNG
SHOLAT TAHAJUT YO LAKONONO
mongso rendeng nda, udane kricikan
tambah deress malah nyeneng ne kodok
timbang e gendeng nda, ayo parikan
ngilang ne stres karo nglurus ne boyok
talang e bolong nda, banyu ne kutah
banyu ne mancur di adahi tumbu
ayo di tolong nda, seng keno musibah
mesak ne dulur seng podo ora mampu
enek benalu neng wit pelem
ngrusak tanduran podo tebangan
dino minggu neng omah angkrem
arep dolan gak due gandengan
nandur lombok akeh seng ceklek
podo ilang di colong cah ngaret
mapan bobok kok mripate melek
mikir ne bujang kok ora due duwitt